Solution in Life

JIMAT GOLET NGELMU



Dunya pawiyatan nyiapna wong nggo dadi manungsa dewasa song duwe adab lan martabat.Kstaria,pemimpin bangsa ,sarja-sarja dilairaken liwat panggulawentah ning kawah cadradimuka.Ngudi ngelmu wis dadi hal sing kadu tumrap wong sing pengin ana gunane kanggo urip bebrayan.


Wong Tapa kue digambarna lagi nglakukna maladi hening nutupi babahan hawa sanga ,Ana rupa tan dinulu,ana swara tan dirungu,ana ganda tan diambu,ana prawan ora kepelu


Sing ora kelalen sedurunge padha teka maring paguron(sekolah/madrasah/pesantren) , menungsa kudu nggawa CENGKIR lan TEBU.


Sing dimaksud CENGKIR kue udu cengkir klapa , tapi " KENCENGING PIKIR"(kuat pikirane)
lan TEBU kue uga udu tebu sing digawe gula pasir, tapi " ANTEBING KALBU" (mantepe ati) .


Karo sangku loro kue wong golet ilmu ora bakal gampang owah ding gangguan.